Senin, 01 April 2013

Tembang Macapat


Sk. Mc. asmaradana

pangrasaku wengi iki
amung sira ing panetra
yo mung kasih sanepane
coba kae angrungokna
sang candra uga nyapa
atiku samya kadhuwung
kangenku tanpa upama

Sk. Mc. maskumambang

yen kelingan pangrasaku kudu nangis
mring janjimu nimas
tinemune anyidrani
jro tyas anandhang dhuhkita

Sk. Mc.mijil

luhuring kang kabudayan jawi
iku kang mangkono
migunani tumrap bebrayane
tata krama iku den nastiti
murih bisa becik
manggon urip ipun

Sk. Mc dhandhanggula

dedalane ngudi ilmu kuwi
ghedekena rasa tanggung jawab
ngerti marang kwajibane
taberi lan tuwajuh
tekun teken tekan sedyeki
sabar tulus iklas
panarima nipun
dadya janma kang utama
kang piguna tumrap bangsa lan negari
sembada kang sinedya

Sk. Mc durma

para mudha tumindaka kang utama
dur goroh den singkiri
pitutur utama
prayoga den estokna
tumindak kang sarwa becik
mungguh agama
lan kabudayaneki


Sk. Mc sinom

wanita kang wus kautaman
marang bangsa lan nagari
nduweni tekad kang mulya
merjuangake pra putri
wanita kang sejati
ngujudi pakarti luhur
luhur marang negara
dhuh raden ajeng kartini
sira pranyata pahlawaning wanita

Sk. Mc gambuh

Setya marang ywang Agung
Kudu bisa duwe watak luhur
Sarwa uga bisa nembah lan nyawiji
Uga dadi wong kang jumbuh
Utamane wong kang anom





Tidak ada komentar:

Posting Komentar