Jumat, 03 Mei 2013

Guritan Sastra Daerah 2011 UNS


Duh . . . .Kanjeng Nabi (Muhammad SAW)

Reroncening mutiyara iki
Kaaturake marang panjenenganipun
Pancen gedhe kanugrahanipun Gusti Allah
Kang nyiptaake manungsa kang pinilih
Pinilih dadi arum gandane
Lan endah awit kamulyan
Panjenenganipun minangka lampu
Uga rembulan kang sumunar
Kang bisa gawe padhange pepeteng
Tumrap wong kang golek kabecikan
Katresnaku marang priyagung kang luhur iki
Lan rasa kangenku
Namung bisa ngrungokake sifat-sifat sinebut
Sarwa endah. . .sarwa mulya. . .
Duh. . . Rosullulah, . .
Namung sholawat ingkang saget kaulo aturaken marang paduka
Mugi paduka kersa rawuh ing sajroning ngimpi kula
Lan syafaatipun Paduka
Ingkang kaula tengga
Minangka sampun wekdalipun
Ing ngarso Gusti ingkang Maha Agung

Aan nur cahyo

Wanita Mulya lan Utama
( Ibu )

Hambukak sulistyaning kang bisa sinawang ing mripat
Kang mengku kaendahan
Uga kaeokan
Kasampurnan kang endah
Ora mung gumantung ing sinawang mripat
Ananging uga jroning qolbu kang uga endah
Sifat lan tumindhak
Kang pituladha marang putra
Saka wulan tumekaning wulan
Dilakoni anggone ngandhut
Tekan titi wancine arep nglairake ana ing donya
Murih rasa bombonge
Metune jabang bayi ing donya
Kairing rasa kang laraning lara
Ananging rasa iku kabayar rasa bungah lan sumringah
Awit metune jabang bayi kang kapinginake
Duh Gusti . . . .
Mugi Paduka kersa paring ngapura marang ibu
Paring welas lan asih marang panjenenganipun
Ugi paring pangapuro kaulo
Ingkang ngantos titi wanci menika
Dereng saget ngaturaken kabungahan
Marang panjenganipun

Aan nur cahyo


S I R N A

Lara rasaning ati
tumetes luh ing pipi
nyawang lungamu
Dhuh wong manis
Aku ora ngira
yen ta sliramu
sacepet iki kapundhut Kang Maha Kuwasa
Sanadyan sliramu wis sirna saka netra
ananging tresnaku cumanthel selawase
wewayanganmu tansah kumlewa
sliramu ora bisa kaganti dening liyan
Dhuh wong ayu
entenana tekaku
aku bakal nyusul sliramu
ing lawang kaswargan

mbah nindra


Negaraku

Najan wus suwidak pitu taun lawase
Nagari iki mardika, uwal saka kaki tangane penjajah
Suwidak pitu taun lawase
negara Indonesia madeg
minangka praja mandiri tan kinomandho bangsa liya
Jebul akeh para durjana sumliweran
ora mokal dene
akeh warga kang uripe adoh saka kamukten
adoh saka kamulyan, karaharjan, lan katentreman
Semono uga para nayaka praja
tumindake murang tata
jejibahan wurung ing kanyatan
Lamun tangeh bisa kalaksanakan
Wewaler, sumpah setya ora direwes
kapitayan kang diemban kapara kaslewengake
Dumeh nduweni pangkat drajad dhuwur
mung nuruti kareping pribadi
Ya wis mangkene iki
kahanane negaraku
negara loh jiwawi nanging ora nguripi rakyate
kang tansaya suwe tansaya nelangsa
mardikane among ing salembar kertas
mardika kang satemene during bisa dadi kasunyatan

mbah nindra

TIKUS LAN RAYAP DADI PANGUWASA


Tikus-tikus katon golek pangan
Nggrogoti pilar-pilaring nagari
Rijik-rijik ngatur barisan
Bareng-bareng nutupi lan nyangga wirange
Tikus-tikus ngadek jejeg nganggo dasi
Katon gagah lan wibawa
Tikus-tikus kang dadi punggawaning nagari
Amung bisa kroyokan batang panguasan lan jabatan
Rayap-rayap sadumil dumil
Tansah melu ngrikiti cagak kang ngadek jejeg
Lewat urat-urating kayu nagari
Nambahi wiranging bangsa
Wong cilik amung dadi dingklik, teklik lan ancik-ancik
Duh, , Gusti
Nagari sansaya rugi
Tikus lan rayap dadi panguwasa kang balela

Dening : ARI MARGIYATI
Sastra Jawa UNS



TRESNA KANG CIDRA

Rina wengi tansah tak anti-anti pepujaning ati
Rasa tresna welas asih iki datan kendat marang sliramu
Sliramu uga mengkono marang ingsun
Yen bengi tansah ngebaki impen
Janjimu kang bakal urip sesandingan
Sesandingan nganti kaki nini
Tuturmu mangkono kuwi ngayemke ati
Nanging ora ngira
Barang saiki sliramu cidra
Tembung tugur sagunung-gunung ana ing lathimu
Amung dadi sumyur, tan ana bukti
Trenyuh ati iki, nyawang sliramu nyanding karo wong liya
Laraning ati amung dadi coba
Kang bakal tak lali-lali

Dening : ARI MARGIYATI
Sastra Jawa UNS


SEPI

Ing wengi kang sepi
Ora ana panggonan sing kaya iki
Malaikat pada jejogedan
Demit pada gegojegan
Amung ana tangising ati
Ora ngerti apa sing dienteni
Ora ngenteni apa sing dikarepi
Getih ireng deres mili
Blas ora ana sing keri
Ing wengi kang sepi
Ora ana panggonan sing kaya iki
Apa kowe ngerti ana ngendi ?
Tak parani tak tututi
Kabeh mati
Sepi
S epi sepi
S e p i
Sing mbangeti
Lan
Sepi
Sepi
Mati
Sepi
Sepi

Mocil
Surakarta, 25 April 2013

Ya Mung Sliramu

Dhuh cah ayu…
Panah asmara nunjem dhadha
Dak jaluk..dak pinta sraya..
Haywa kajabel sadawaning yuswa
Wani bela palastra
Lamun sira murca saka ing wananing asmara
Dhuh cahayu…
Ngertenana
Tresanaku kadya bagaskara
Kang tansah setya marang manungsa
Cah ayu……
Ya mung sliramu


Mocil
Surakarta, 25 April 2013


BRANGTA

Cahyaning rembulan ing awang-awang
Lan lintang sumawur aneng tawang
Lowung kanggo kanca rowang
Rikala ati karoban kapang

Jeng....
Wengi iki aku nggegurit
Rasaning ati kang lagi njerit
Tinimbang ngigit-igit
Ing pangrasa kaya rinujit

Jeng..........
Ya gene kok singidake esemu
Wis suwe anggonku nunggu
Siyang pantaraning dalu
Mung esemu kang pait madu

Jeng...........
Wohing kamal saupama
Esemmu kang maweh brangta
kang ngleledha jroning rasa

---kang Tedjo Nugroho---

Layang kanggo Gusti Allah

Dhuh gusti……..
Kados pundi anggen kula ngudari
Reruwet sajroning ati
Anggen kula ngrasuk agami

Wiwit ngarep Mangkunagaran
Nganti tekan Kenthingan
Kaya-kaya ora entuk dalan
Ngilangke rasa kang gegrundelan

Dhuh gusti kang Maha Mulya
Dhawuh suci paduka kang utama, nanging
Napa kula kedah nilaraken budaya
Kang dados jati dirining bangsa

Dhuh gusti kang Maha Welas
Sangsaya kathah tiyang ingkang ngestokaken dhawuh paduka
Nganti rumangsa entuk kaplingan swarga
Wenang mutusi endi suwarga endi neraka

Akeh kang durung pecus kesusu keselak besus
Prasasat wis duwe gaman kang bakal diunus
Adeg paheman kanggo ngumbar muwus

Jare tapsir dhawuh pengeran
Ning sedyane ngrusak kabudayan
Kang manut dijak kekancan
Kang ora manut jare setan

Kirim donga marang simbah
Lha kok jare malah bid’ah dholalah
Ngguyubke tangga kanthi rasulan
Jare malah balane setan
Nganakake bersih desa
Jare malah dadi muspra

Dhuh gusti kang yasa alam donya
Ing pangajab kula tansah ngestokaken dhawuh paduka
Nanging bote nilar budaya jawa
Paduka kang maha kuwasa, lan wenang amisesa…….

Allahu akbar………….


---kang Tedjo Nugroho---


IBU

Ibu…
Nyuwun pangapunten…
Aku ora bisa nyenengake panjenengan
Uripku mung saya nglaraake manah panjenengan
Ora bisa nuruti karsamu
Ibu…
Lungaku ora merga lali
Ananging arep gayuh kamulyan
Adoh panggonku cedhak atiku
Ora bakal ilang ing pikirku
Pahlawan ing atiku
Ibu…
Mugi pangeran paring keslametan marang ibu

chintya


TANGIS

Yayi……
Enggalusapenluhmu
Sing tansahtumates
Nalika
Kudu ngliwatidalamrumpil
Sebab
Geguritanalam
Ngelingakekewajibanuripmu
Sing kudu tansahkaayati
Ajakesuwensedih
Mudhakoraprayoga
Mangertia
Sedihikusejatine
Ugarahmat
Yen titiwancinekebungahanteka
Sliramubakalsumurup

Chintya


Ibu…

Ibu…
panjenengan pancen wanita ingkang suci
Tulus anggenmu ngabdi
Marang garwa lan putra-putri
Ibu tresnamu marang putra sundhul wiyati

Sanadyan to aku nakal ibu tetep tawakal
Ora sambat…
Ora pegat…

Ibu…
tresna asihmu ora bisa kawales
Sanadyan diijoli yatra mayuta-yuta
Diijoli sakabehe bandha dunya
Merga saka luhure pangabdenmu

Ibu…
kula namung saged ndonga
Mugi pangeran paring ridho
Anggenira ngabdi marang garwa lan putra
Sahingga bisa dadi sangu
Tumuju gesang ingkang langgeng
Saged nggayuh swargane gusti

Dening Dwi Lestari
Jurusan Sastra Jawa, semester 4
FSSR UNS



Katresnan kebak coba

Kangmas…
Aku tansah enget
Nalika sepisanan panjenengan dolan ing griya
Panjenengan katon lugu nanging ora wagu
Sampeyan janji marang bapak ibu
Ing tembe bakal mundhut garwa aku

Nanging…
Kekarepanmu…
Ora disarujuki dening ibumu
Sampeyan diutus milih
Antarane aku utawa ibumu

Sabanjure panjenengan milih aku
Ibumu banget nistha marang sliramu
Ibumu minggat njaluk bagian bandha dunya
Sakeclapan…
Bandhamu ludhes…
Modhalmu ambles…

Kangmas…
Mungkin iki pacoban saka gusti
Amrih aku isa tresna sliramu kanthi tulusing ati
Nganti teka mati
Ora amung jalaran bandha arupi

Sing wis ya uwis
Ora usah digetuni
Becik kita nata awak pribadi
Kanggo ngadhepi urip ing jaman saiki

Bisa mbuktikake marang ibu lan rama
Menawa kita bisa
Mujudake kulawarga
Kang pantes digunggung wong tuwa
Kulawarga sakinah mawadah lan rahmah
Diparingi kemirahan rejeki dening gusti

Minangka tandha asok bulu bekti
Marang ibu lan rama sedaya


Dening Dwi Lestari
Jurusan Sastra Jawa, semester 4
FSSR UNS



Lakon manungsa

Mall-mall gedhe dadi panggunge
Sing duwe blanja sakpuase
Sung kere amung bisa mlongo
Ngenteni kapan bisa mangkono

Kene kono isine barang mewah
Arep tuku ora merga wegah
Neng rega kok ora lumrah

Apa ngene nasibe wong ora duwe
Saben dina diece kancane

Kepriye arep blanja?!
Kanggo mangan wae rekasa

Sejatine urip ing donya
Ora prelu ngoyak bandha
Sawayah-wayah bisa sirna
Sing penting bisa nrima
Akeh sithik disukuri
Apa wae paringane Gusti

Erma, Karangreja 24 Januari 2012


Piweling Wong Tuwa

Cah ayu
Ngati-ati nggayuh ngelmu

Urip iki ora gampang
Kudu olah ati sabar

Yen lungkrah ragamu
Yen kesel pikirmu
Niatno kabeh
kanggo wong tuwa
lan ngabekti marang agama

ngger, cah ayu
dadio wanita kang tata
ati-ati njaga awak
kareben ora rusak

jamane saya edan
lanang wadon gonceng-goncengan
ora ngira ana setan
banjur keblabasan
sing rugi sapa?!
Rak ya kaum wanita
Mula den ngati-ati
Aja dadi gelaning ati

Wong tuwa mung bisa dedonga
Muga gegayuhanmu
Bisa kaleksana
Dadi wong mardika
Migunani agama lan nagara

Erma, Karangreja 24 Januari 2012


Katresnan Pedut

Sliramu kang ambngun katresnan iki
Agawe tresnaku saya gedhe
Lan agawe krasa luwih entheng anggonku ngadhepi dina-dina iki
Sliramu kang ngayomi ati iki
Gawe tentrem ing sajroning ati
Ananging ora kanggo saiki
Sliramu ngerusak angen-angenku
Ngerusak cita-citaku, ngerusak pangarep – arepanku
Jebul katresnanmu koyo pedhut seng bakal e ilang amarga sang surya wiwit sumunar
Ora krasa eluh netesing ing pasyuryanku
Sajroning ati iki krasa ora trima
Rasane kabeh wes ora ono guno

furqon

Dongaku kanggo tresna iki

Donga iki kanggo sliramu
Kanggo rasa trensaku lan rasa tresnamu
Rina wengi tansah sujud marang gusti Allah
Anyuwun mugi dipun paringi dalan padhang
Pengarep –arepanku dining sliramu dados tresna sejatiku
Lan saged dados pituduh kanggem dalan urip iki
Rasa syukurku marang gusti Allah
Kang maringi rasa tresna iki
Kang agawe tentrem ing ati
Muga gusti tansah maringi dalan kanggo aku lan sliramu

Furqon



Nimas...

Nimas..
Apa sliramu ngrasakake apa sing lagi dak sunggi..
Apa sliramu ngerti kepriye rasaning ati kang ketula-tula iki..
Rina awan rina wengi, tansah dadi gegembolaning ati..
Rasa sing dak sunggi iki ya rasa laraning ati..
Nimas..
Semana uga rasaning atiku..
Mung tansah ngerteni sliramu..
Ananging sliramu ora ngerteni apa kang dadi sedyaku..
Nimas..
Amung sliramu kang dadi gegathilaning atiku..
Amung sliramu kang dadi wewayanganing impenku..
Amung sliramu sing dak tresanani kanthi tekaning pati..

Dening:
Hizkia Dian Ardianto ” Ucup ”


Gusti Pangungsen Kula...

Dhuh Pangeran...
Mugi Paduka mersani nggen kula kesrakatan...
Kawula badhe mlajeng mring pundi, namung dhateng Pangeran...
Dhuh Pangeran...
Kawula pasrahaken sakehing wasumelang mring Gusti...
Kawula pasrahaken menapa ingkang dados gegembolaning ati..
Dhuh Pangeran...
Amung wonten ing ngarsanipun Paduka,
wonten katentreman, wonten pitulungan, wonten kabungahan...
Mugi Paduka kersa nglanthing kawula...
Lan amung Paduka ingkang saged ndamel ayem ing ati...

Dening:
Hizkia Dian Ardianto ” Ucup ”


Rasa sing tak pendem

Rembulane sing tak anti – anti
Ing samudra layange anggonku
Sanadyan koe amung nginadar marang slirahku
Ku tetep ngenteni marang slirahmu
Amung rasa ning ati tak puja-puja
Tresnaku marang kowe
Ora bakal luntur
Sanajan salira adoh
Nanging cedak neng ngati
Tresnaku mung kanggo kowe
Ora ono liyane
Kejobo mung kanggo
Awakmu Nanging
Enggale suwe banyu sinaring
Kaya agi wae
Ora krasa, amarga...
esemmu nengsemake atiku

fajar pratama

I B U
Jerite rosa pating jerit
Nalika jabang bayi nyawa
Arep lahir nang alam ndonya

Marmati oncat saka nala
Banyu kawah paring pratanda
Getih kamucur tanpa kaukur
Nadyan lara kaya ngapa
Paring nyawa saka jroning garba
Mijil ponang jabang nyawa
Linambar tetesing waspa lela legawa

Duh ibu,,,,
Katresnanmu Lir jembaring segara
Welasmu ora bisa winales kanti apa

fajar pratama



AKU

Aku mung manungsa cilik
Rambut jabrik
Awak cilik menthik
Jarene ndakik
Ora kaya kowe
Gitar cilik gawananku
Werna coklat senar telu
Kuwi ya ora tuku
Ora kaya sliramu
Saben dina mung wira-wiri
Ora cetha arep nyang endi
Ngendi-ngendi dakliwati
Uwong-uwong padha nrenyuhi
Ora kaya kowe
Bapa-biyung wis tilar donya
Kanca-kanca ora ana
Sadulur sansaya
Kabeh ora nyuwara
Ora kaya sliramu
Aku bocah cilik ontang-anting
Dina-dina aku mung nembang
Karo mainke gitar gembung
Ngalor-ngidul runtang-runtung
Wayah surup lagi rampung
Ora kaya kowe
Ning donya urip rekasa
Saben dina ngrangkul panasing mega
Entuk bandha ya ora sepira
Ora kaya sliramu
Aku..
Ora kaya kowe
Ora kaya sliramu

Dening: Permata Aji B.M


Jaman Saiki

Jaman saiki...........
Uwong-uwong padha lali
Marang janji-janji
Kang wus tinucap marang Gusti
Jaman saiki.............
Uwong-uwong seneng ngrangkul racun
Tumindak sak karepe dhewe
Kene kono di rusak
Sing bener dadi salah
Sing salah dadi bener
Jaman saiki.............
Wong bener tenger-tenger
Wong salah bungah-bungah
Ngibarat banyu resik dadi limbah
Elinga..............
Urip iki mung mampir ngombe
Aja mikir wudele dhewe
Aja gawe peteng sumunare srengenge

Dening: Permata Aji B.M


Cah Ayu

Cah ayu.....
Apa kowe ngerti
Ati iki rasane ngrembaka
Kaya tetanduran kang padha jejogedan
Kaya taman kebak kembang-kembang kang megar
Cah ayu.....
Nalika sliramu teka
Ati iki kagawa angin asmara
Esemmu....
Ngujiwat paiting madu
Cah ayu.....
Tekamu nentremke ati
Medhot tali kasepen
Mecah petenging ratri

Dening: Permata Aji B.M


Cuthel

Manismu manis Brutowali
Asemmu asem diyu
Ayu pasuryan seje atimu
Ya, culasmu

Biyen pangiraku,
Sliramu Dewi Sinta kang njelma,
Alus, kebak tata karma
Jebul mung gawe gela,

Panas panna udan udan
Tak lakoni kanthi ikhlas
Anggonku kepengin reraketan
Jebul sliramu tanpa welas

Kadang konang
Kahanan kang kalakon
Sliramu dak anggep kadhang
Jebul aku mung bleduk liwat

Ora ndue ati tha ?

Kuwawaku ora kebendung
Tinimbang enthek nyawaku
Wis cukup anggonku kesandhung
Kowe tega,
Gawe lara atiku

Elae lelakon apa iki
Manungsa kalah karo asu
Asu wae bisa niteni
Geneya menungsa ngungkuli retune segawon

Gelaku mung semene wae
Wis cuthel
Seje kelir seje cerita
Mlaku tanpa ana awake dhewe,
Aku,
Kowe,
Dhewe dhewe
Mulyaa uriupmu, beja uripku
Matur nuwun yu..
Matur nuwun ndug…
Aku cuthel, merga gathelmu !

Pertiwi cica

Kata tela, kasatan banyu

Duh kangmasku,
Sliramu sigare nyawaku,
Aku kang nggorong katresnamu,
Kaya tela, kasatan banyu

Sih kadarmanmu tan ana cidra
Sliramu gawe asurak surak
Satemene ing kagesanganku
Katentreman naming sliramu
Ajeg bae katresnanmu
Kapangku ora kuwawa,
Kaya tela kasatan banyu

Duh kangmas,
Dadia pepadhang atiku
Sliramu kang tak antu antu
Kaya tela, kasatan banyu

Netes banyune mata
Aku nangis ora kuwawa
Tan ana ukara
Bisa gambarke kapangku
Kaya tela kasatan banyu

Duh kangmas
Agung ing katresnanmu
Kaya endahe mawar
Tansah ngreseping ati
Kamangka erimu kang baret ati iki
Dadi rasa kapangku
Tansah katon esemmu
Saya ngapangke atiku,
Kaya tela kasatan banyu

Kangmas,
Lewat angin sore,
Titip kangening ati
Saya wengi saya sepi
Saya ndedawa kangenku
Kangen
Aku kangen sliramu
Kaya tela kasatan banyu

Pertiwi cica


Pangrasaku

Duh Gusti....
Sesek dhadha iki nyawang sliramu kang wus ninggalne aku
Apa sejatine salahku iki..
Kabeh wes tak lakoni mung kanggo sliramu
Nanging apa balesanmu..
Sliramu malah ninggalne aku...
Demi wanita liya..

Duh Gusti...
Njerit ati iki sajujure
Apa iki walesan kanggo aku
Kanggo aku sing sarwa kekurangan iki

Duh Gusti...
Senadyan sliramu kaya mangkono
Apa wae kang mok lakoni
Manawa isa nggawe sliramu seneng
Aku bakal ikhlas nerima sanadyan kui lara
Lan...
Aku bakal tetep tresna marang sliramu salawase...

Ibu
Ibu...
Pangorbanan ibu kang tanpa wates
Katresnan ibu kang ora ana tandingane
Nalika atiku cidra
Ibu tansah wonten sampingku

Ibu...
Sliramu pelita atiku
Sliramu penyemangat uripku
Doa ibu tansah ngiringi dalanku

Duh Ibu...
Yoga nyuwun lunturing pangaksami
Awit namung raos cuwa,gela,ingkang saged kawula damel
Ingkang asring cumondok ing manah pun ibu

Ibu...
Welasmu ora bisa winales kanti apa

Dening : Putri Nurani Istiqomah



Nimas

Nimas,
Pasuryanmu kadya kartika
Gumrelap sajroning ati
Naging sliramu ora ngerti
Gedhene tresnaku kang sejati

Nimas,
Esemu pait madu
Tak gegem tak gawa turu
Siji sing dadi kekarepanku
Bisa nyawang sliramu

Restu sidiq arga maulana


Lawu

Langkah mlampah ing margi
Ngawit penggaweyan arga
Pasundhulan kang singep
Tan ana cahya ing lurung
Lila-lila mripat wuta
Raga iki ilat mati
Adem nyenyep tembus
Ing kulit lan balung
"Aku pengin turu"
Ananging wonten pundhi?
Napa ing jurang tampa wates?
Nora,
Iki kudu dadi akhir kang peni.

Restu sidiq arga maulana



YO WIS

Yo wis yen nora gelem
Uwes kesel anggon ku ngelem
Tak titeni wangsulanmu ya mung dalem
Saya wengi saya ndadi
Saya sepi rasane saya suwi
Anggonku lelamunan
Ngidul ngalor ngulon ngetan
sing di eling eling
nora bingung nora pangling
Solo kediri ya wus tak laju
Ra nggersula senajan boyok keju
nalika tresna nggandoli rasa
saya meksa tansah saya rekasa
duh gusti jan-jane atiku ngeman ngeman
ananging punapa njalari tuman
ngarep arep barang ilang
nora bali jan-jane ya tetep gesang
Yo wes yen nora gelem
Uwes kesel anggon ku ngalem
Tak titeni wangsulanmu ya mung dalem

Rizal kang king kong

UDUT

anggonku udut samsu
sandingku sambat ngelu,
anggonku udut super
keluk e pating kleper
anggonku udut surya
ngalih kana ing panggon liya
punapa nora trima,
wong nora nglawan syareat agama
yen keluk ku njalari matimu,tak ceceke masia dawa
yen udut ku nyudani bandamu,tak balekke duwitmu sepira
nalikane krasa sepi apa kowe tau ngancani,
nalikane lara ati apa kowe tau nakoni
yo mung udut kang mesti ana
dadi kanca nguda rasa nganti lena
nalikane aku lali apa kowe tau ngelengne
nalikane aku luput apa kowe gelem mbenerne
dalan padang ya tinemu saka atine dewe
uga tetep udut iku dadi saranane

Rizal kang king kong


Bomantaraku

Jeng...
Rasa tresna kang kepati
Tak pendem ing jroning ati
Aku wis ora ngerti mujudake rasa kang sejati
Jeng....
Apa sliramu ngerti isi jroning ati iki
Senajan arum sekar melati
Batin iki nangis ing rino wengi
Ora ngerti opo sing dak enteni
Jeng...
Senajan raga ora bisa sesanding
Nanging rasa tresnaku ora bakal iso ilang

Rizqi Miftakhul Huda


Pak tani

Esuk umun umun
Pak lan mbok tani gumregah
Lumaku tumuju tegal lan sawah
Pasuryan katon sumringah
Pak tani manggul pacul
Mbok tani nggendong bakul
Lemah dipacul supaya gembur
Ing tembene tanduran subur

Rizqi Miftakhul Huda


Sunya

Sunya ruri pepeteng anane mega,
Megananda kang ngoblah-oblah,
Obahing mangsa,
Kanthi sinebat mangsa rendheng,

Tendheng wus wanci purneng katri,
Katri ing ratri wengi kang ambrekati,
Minangka tandha brekating pangeran,
Gusti kang Murbeng Dumadi,

Dadya pancang marang sadayaning jalma,
Jalma manungsa uga ratu narendra ing bawanagung,

Satrio Panji W


Nalika Bulan Ndadari

Suka tyas ingsun
Indahing kasunyatan
Nengeri bulan nalika ndadari
Tinulis ana sumuruping candra
Anandani tresna sejati
Kasih tinemu asih
Umbara manah wus kasil
Rembulan nalika ndadari
Nengeri janji suci iki
Iya janjiku marang pepujaning ati
Anyangga suka cita ing rasa iki
Sira, putri panentreme ati
Ana lathi kaucap janji
Ratri kaiyas bulan ndadari
Ingkang nyekseni
Panyuwun konjuk
Unine bayu ngiteri
Tansah padha ngamini
Rihala Bulan ndadari
Ingsun suka nyuwun tresna iki abadi
Rahayu, rahayu, rahayu

Satrio Panji W

WUYUNG

Sekar melathi kang rinonce
Seksi anggonku ngenteni
Ngenteni sing dak enteni
Kaya mimi tanpa mintuna

Wuyung
Mung wuyung kang saya nggegunung
Runtik kang wus katitik
Sathithik mbaka sathithik
Tan bisa diowahi
Apa ya mangkono?

E lae.....
Kaya ora ana ajine
Janjane lila ning ora bisa

Wuyung jan wuyung
Ngarep apa kang ora nyata
Ning sanyatane malah ora ana

Ora ana banekke
Ora ana ambune
Anane mung bekas lan rasa
Bekas kang njalari wuyung
Rasa kang saya katundhung

Septi anggita. K

TEGANE TEDJA

Akehe nemen.......
Topeng kang kok gawe
Lan kok enggo
Ning kasunyatan ora katon becik

Siji mbaka siji kok templeki topeng
Nganti pada nemplek ing ati
Banjur ........
Banjur keli manut iline kahanan

Ora manut ya kudu kejlurut
Ning sing manut ya kudu katut
Ora ana pilihane siji lan sijine

Ngono kuwi gampang
Wong Tedja i raja tega
Tega kang ngawu awu
Ora wedi
Hla wong dikupengi gendruwo
Gendruwo kang awujud manungsa

Yungalah.....
Wong kang seneng mitutur
Malah luput anggone mlaku
Bakal tinemu cidra
Ngundhuh wohing pakarti

Tegane kowe ja Tedja
Nadyan wus tuwa
Ning kakeyan dosa

Septi anggita. K


Rembulan

Rembulanorasalawasepurnamasidhi
Wektuorasalawaserahina
Kahananingurip sing cakramanggiling
Ora bias diselakideningmanungsa
Yen lagimentrong-mentrongmoblong-moblong
Ingnalikapurnamasidhi
Akehwong sing kesengsem
Marangendahingrembulan
Pancensinawangkatonromantis
Dadikekidunganparanimpungempuningsusastra
Sartaparakangdhemen
Cecibloningjagadingrarasmara
Nanging yen wistekanwancine
Rembulanbakalsurem
Lingsirlanpanglong
Malahpetengndhedetlelimenganorakaton
Sanadyan ta mungsakalisewanita

Siti Nurjanah

Bapa… Biyung…

Bapa…
Biyung…
Apasalahanakmuiki?
Nandhangderitakangabot
KayaogunungMerapinibaniawakku
Bapa…
Biyung…
Apasalahanakmuiki?
Luhmripatiki kaya oracinandhet
Telesnlusurpipikiwatengen
Bapa…
Biyung…
Apasalahanakmuiki?
Getihkanglumakuiki
Ngebakisajroningragaku
Bapa…
Biyung…
Apasalahanakmuiki?
Akupengenngabekti
Ngabektimarangmu
MugipadhukaGustikersaanampi

Siti Nurjanah



Pitik Walik Kuwalik Walik

Pitik.. pitik..
Nyawang pitik,
saomah pitik, sakebon pitik,
salatar pitik, sakandhang pitik,
ambu telek pitik, mangan pakan pitik

pitik... pitik...
manungsane kaya pitik
pitike apa ya kaya manungsa?
adu pitik, balapan pitik
kontes pitik, majalah pitik
pitik walik, kuwalik karo pitik
lha apa ta bedane aku karo pitik??

---Aji Sura---
Sala140413


Ngangkring

anakodhokndhodhok,
methothok matane mlorok,
riris mak tis tis gawe atis,
bulan anyar nanggal sepisan,
lha kok katon rapenginngton,
jawah uga kang minangka berkah,
berkah berkating Gusti Allah,
wengi sepi karo kopi,
kopi ireng nganggo areng,
klembak menyan saududan,
sandhing embong obong-obong,
areng ireng mawa abang,
tahu tempe sate kere,
pinggir ratan ra kodanan,
rasan rasan lha kokkrasan,
nganti esuk ora tutug,
lali wayah lali omah,
nganti telat olehe kuliah

---Aji Sura---
Sala140413




Crita Tresna

Dening : Priscilya Vita R. A. K

Tak wiwiti crita iki. . . .
Karo ulat lan eseman ing njero ati
Coba rungokna swaraning atiku
Bebarengan karo angin lan banyu udan sing nyiram

Tekamu ana ing uripku. . . .
Kayadene tetesing toya sawindu
Kang ngedhemi atiku
Bebarengan sliramu mecaki dina – dina kang kebak puspa

Wis cetha atiku. . . .
Katuju mung kanggo sliramu
Aku percaya
Yen kowe isa maca tandha tresna iki


TRESNAKU SEJATI

Dening : Priscilya Vita R. A. K

Tresna iki . . .
Tresna kang tulus suci
Sanadyan siji setengah taun suwene
Anggonku ngenteni sliramu
Tresnaku ora bakal sirna

Dina – dina sepi terus daklaloni
Kanthi rasa bingung
Sewu pitakonan ing njero atiku
Kepiye saktenane rasa tresnamu karo aku
Pangarepku lan panjalukku marang Gusti
Muga – muga tresnaku iki padha karo tresnamu marang aku
Dadi tresna kang sejati kanthi saklawase


LELANGENANKU

Apa kangdadyapakuningtanahJawa
Sinebatkithapangarepingsambekala
Tresnatumampangtetesingtrenyuh
KaandhuttengahingtanahJawa
Lelangenanapaiki?

Anginlirihngiwi-ngiwi
Mbuyarakelelamunanku
Mangsateruslumaku
Nganthiimpenkudadyasarjanasujaningbudi

Nanging...
Atiikinggegirisi
Atiikiorabisangapusi
Akukangensliramu
Pangajabku,
Sliramukangdakanti-anti yayi

Yayi,
Sliramukangmenangakepatembayan
Magelangkithakukangasri

Wening Pawestri



DARA

Langit wengi muwun ing ngarsaning Gusti
Kasuwun impen ingati mugi Gusti ngijabahi
Ana ngendi lungane ati manungsa?
Ati iki wus kelangan rasa

Ya manungsa...
Urip ing donya mung sepisan
Japadha tindak kang ala
Dadya dara kang setya sedya
Kabeh iku wus kacipta dadya sugaring nyawa
Lanang lan wadon
Bapa lan biyung
Ayu lan bagus
Ajining bagus lan ayuning tyas ya mung siji
Setya marang garwa kang wus karuket dening ijabkobul

Wening Pawestri


TRESNA IKI

Dening : Wilis Subaning Tyas Wening

Tresna iki,
Kadya guritan tanpa seratan
Antenging pangandikan,
Wis nyritakakake sewu rasaning kasmaran
Asmara iki,
Kaya dene ukara tanpa aksara
Sumunaring baskara,
Kalah dening netra kang gawening ati basmara
Ora prelu wicara,
Cukup pangrasaning driya
Tresna iki,
Lir layang tanpa seratan
Kabeh pesen kang sinimpen ing pikiran,
Wis den kirimake liwat paningalan
Asmara iki,
Pindha tembang tanpa tembung
Swara ati kang mangungkung,
Wis linarasake kanthi pakurmatan kang agung


AYU KANG SEJATI
Dening : Wilis Subaning Tyas Wening

Aku pinaringan rupa ayu,
Saben dina dak pulas wedhak lan gincu
Kulitku lencir kuning,
Dak sandhangi rok mepet ben katon wening
Rambutku ngandhan-andhan,
Tak ore ben katon endah sinawang
Drijiku pancen mucuk eri,
Ben katon abyor ora tau lali dak wenehi ali-ali
Nanging aku keliru!!
Tibake ngono kuwi dudu ayu
Aku ngrasa getun!!
Sejatine ayu kuwi ora ana maring ingsun
Tibake ayu kuwi,
Dudu ayu kang dak umbar dening wong ing jaba kana
Uga dudu ayu kang mung modal rupa
Nanging ayu kuwi ana sajroning ati
Isohe merkoleh mung tansah kanthi njaga dhiri, reresik ati,
Asih marang wong liya, bekti marang wong tuwa
Ya mengkono kuwi kang diarani ayu,
Ayu kang sejati


TURI
(Tuwuh ing Ati)
Tansah kumanthil jroning ati
Rina kalawan wengi
Datan bisa lali
Duh yayi
Kang dadi pepujaning ati
Tampanana rasa iki
Rasa jroning sanubari
Tansah ngayomi
Jroning nurani
Among siji
Dudu amung ing lathi
Nanging rasa kang suci
Rasa tresna sejati
Duh yayi…
Muga bisa nyawiji
Nganti gusti nimbali
Tumekeng pati kang sejati  

Surakarta, 25 april 2013. Dening : R. Yoga Asmara


ROSI

(Rasa Sejati)
Netra endah kang mancur soroting tresna
Netra endah kang dadi duwekku
Saiki wes ilang sak wiring-wirang

Urip tanpa arah lan tanpa tujuan
Ati, tresna, lan kangenku
Namung kanggo sliramu
Tetesing waspa kang dumlewer
Ati legeg lan trenyuh
Nalika eling marang sliramu
Aku kang ora bisa nemukake tresna liyane
Kajobo tresnamu…

Gusti,,, ora bakal bisa sumingkir jroning atiku
Pindhane sekar melati kang mekar,
Gandane arum ambabar jroning ati…

Surakarta, 25 April 2013. Dening R. Yoga Asmara



Maruta

Sliramutekasumilirngademkedhadha
Ngayemake rasa
Sanadyantanparupa, ganda, lanswara
Bajra
Sanadyannorakatonmawisoca
Sumilakingnetra
Endahingrupa
Sliramugawemosiking rasa ingdhadha
Sajakawehpratandha
Nilargodha
Kangeningatitanpabisasuwala
Amungtansahmemuja
Sliramuenggaltanggapsasmita
Ngreksatresna
Kang wusngambraambra

Yosi


Bebrayan

Mas, slirakuwanita
Panggonkatrentremancinipta
Kaya kalanggenganingswarga

Mas, slirakunoraduwepepinginankangmanekawarna
Kajabakasetyankutimbangana
Saranatetembungankangnyata
Kaseksenanmarangwongtuwa

Mas, slirakuayomana
Ingngisorpayung
Bale somahkangprasaja

Mas, kanthinentanganiki
Tumibasungkemmarangwongtuwa
Kang dadipratandha
Sampurnaning rasa tresna
Lanajikudadyawanita

Yosi

Rabu, 24 April 2013

TATAT

CINTA

Cinta seperti matahari, ia tetap bercahaya. Walau malam menjelma, cahayanya pada bulan tetap menerangi. Terkadang ia juga gerhana tetapi akan kembali jua kecerahannya.

Cinta adalah santapan jiwa. Jiwa tanpa cinta bagai rumah yang kosong. Cinta tanpa menjiwai bagai layang-layang putus tali.

Cintu adalah buta…cinta tidak mengenal usia, paras rupa, maupun kekayaan dan harta karun, tetapi dari keikhlasan dari hati setiap insan antara satu sama lain.

Tidak semua orang yang engkau cintai, mencintaimu dan sikap ramahmu kadang kala dibalas dengan sikap tidak sopan. Jika cinta suci tidak datang daripada tabiatnya, maka tidak ada gunanya cinta yang dibuat-buat.

Sayang tidak bermaksud cinta. Suka tidak serasi dengan cinta. Kagum tidak berarti cinta. Bangga tidak semestinya cinta. Cinta adalah CINTA .

Cinta itu seperti sinar matahari, memberi TANPA mengharap kembali. Cinta itu seperti sinar matahari, TIDAK MEMILIH siapa yang ia sinari. Cinta itu seperti sinar matahari yang MEMBERI KEHANGATAN DI HATI..

Cinta umpama ‘treasure hunt’. Cita cita dan tujuan kita satu untuk menuju ke penamat yang paling mengembirakan. Namun di dalam perjalanan kita akan menghadapi berbagai rintangan dan cabaran. Andainya tidak mampu meneruskan, kita akan tersungkur dan hadiah utamanya akan di kebas orang lain. Tetapi tak usahlah kecewa. Walaupun hadiahnya tidak kita perolehi, tetapi keseronokannya kita sudah rasa. Jadi bercintalah sepenuh hati. Namun jangan letakkan harapan terlalu tinggi.

TEMAN

Terkadang dalam hidup
Anda menemukan seorang teman khusus
Seseorang yang mengubah hidup Anda
hanya dengan menjadi bagian dari itu.

Seseorang yang membuat Anda tertawa
sampai Anda tidak bisa berhenti
Seseorang yang membuat Anda percaya
bahwa memang ada kebaikan di dunia.
Seseorang yang meyakinkan Anda
bahwa memang ada sebuah pintu terkunci
hanya menunggu Anda untuk membukanya.
Ini Selamanya Persahabatan.
Teman selamanya Anda memegang tangan Anda
dan memberitahu Anda bahwa
semuanya akan baik-baik saja.
Dan jika Anda menemukan seorang teman seperti itu,

Anda merasa bahagia dan lengkap,
bukan karena Anda perlu khawatir.
Anda memiliki teman selamanya untuk hidup,
dan selamanya tidak memiliki akhir.

Minggu, 07 April 2013

Telaah Teks

Kakawin Arjunawiwaha


A. Latar Belakang Masalah 
  
1. Mengenai Kakawin  

Kakawin adalah sebuah bentuk syair dalam bahasa jawa kuna dengan metrum yang berasal dari India. Biasanya sebuah kakawin dalam metrum tertentu terdiri dari minimal satu bait. Setiap bait kakawin memiliki empat lirik dengan jumlah suku kata yang sama, dan biasanya terdiri dari guru dan laghu. Guru adalah sebuah istilah dari bahasa sansekerta yang artinya suara berat atau suara tinggi, sedangkan laghu adalah suara ringan atau suara pendek.
Didalam metrum kakawin sebuah suku kata yang mengandung vocal panjang (a,i,u,e,o,ai dan au.) disebut sebagai suku kata panjang atau guru.sedangkan suku kata yang menganduung suku kata pendek disebut laghu.
Ciri-ciri kakawin
  • Satu bait terdiri dari 4 baris
  • Jumlah suku kata tiap baris sama
  • Tiap-tiap bait terdiri dari guru dan laghu  
Manfaat dari Kakawin 
  • Dapat memberikan inspirasi bagi pembaca dan pendengar sesuai dengan tema atau alur cerita dari sebuah kakawin. 
  • Pembaca biasanya menghayati isi dari kakawin yang dibacakan,sehingga pendengar dapat memahami maksud dari kakawin yang dibacakan. 
  • Pembaca dan pendengar biasanya terbawa suasana dari sebuah kakawin,baik itu suasana sedih,senang,dan marah.
  • Selain uraian diatas, kakawin juga bermanfaat bagi kehidupan sehari-hari bagi pembaca dan pendengar yang bergelut atau yang bergabung didalam suatu kelompok yang disebut Sekaa Santhi khususnya di Bali. 

2. kakawin Arjunawiwaha
 

        Kakawin Arjunawiwāha  adalah kakawin pertama yang berasal dari Jawa Timur. Karya sastra ini ditulis oleh Mpu Kanwa pada masa pemerintahan Prabu Airlangga, yang memerintah di Jawa Timur dari tahun 1019 sampai dengan 1042 Masehi. Sedangkan kakawin ini diperkirakan digubah sekitar tahun 1030.

Kakawin ini menceritakan sang Arjuna ketika ia bertapa di gunung Mahameru. Lalu ia diuji oleh para Dewa, dengan dikirim tujuh bidadari. Bidadari ini diperintahkan untuk menggodanya. Nama bidadari yang terkenal adalah Dewi Supraba dan Tilottama. Para bidadari tidak berhasil menggoda Arjuna, maka Batara Indra datang sendiri menyamar menjadi seorang brahmana tua. Mereka berdiskusi soal agama dan Indra menyatakan jati dirinya dan pergi. Lalu setelah itu ada seekor babi yang datang mengamuk dan Arjuna memanahnya. Tetapi pada saat yang bersamaan ada seorang pemburu tua yang datang dan juga memanahnya. Ternyata pemburu ini adalah batara Siwa. Setelah itu Arjuna diberi tugas untuk membunuh Niwatakawaca, seorang raksasa yang mengganggu kahyangan. Arjuna berhasil dalam tugasnya dan diberi anugerah boleh mengawini tujuh bidadari ini.
Oleh para pakar ditengarai bahwa kakawin Arjunawiwaha berdasarkan Wanaparwa, kitab ketiga Mahābharata.

B. Rumusan Masalah

  1. bagaimanakah gambaran secara lengkap mengenai Kakawin Arjunawiwaha pada pupuh satu
  2. apakah isi cerita Kakwin Arjunawiwaha secara utuh serta local genius yang terdapat pada pupuh satu 

 C. Pembahasan
  •  Sajian Data 

pupuh 1

1
a. ambek sang paramarthapandita huwus limpat saking sunyata
b. san sakeng wiyasa parayojnananira lwir sangaraheng lokika
c. siddaning yasawirya donira sukhaning rat kininkinira
d, santosaheletan kelir sira sakeng sang hyang jagatkarana

2
a. usnisaningkw i lebuni padukanira sang makana lwirnira
b. menggah manggalaning miket kawijayan sang parsha ring kahyangan
c. sambadda pwa bhatara sakra katekan durniti lawan bhaya
d. wwanten detya madeg Niwatakawacakhayating jagad digjaya

Penerjemahan (translitrasi)

pupuh 1

1
a.Hati milik Sang Bijak Utama sudah melampaui kehampaan
b. Bukan karena terdorong nafsu maksutnya, seolah - olah saja menyambut yang duniawi
c.Berhasilah jasa dan kebajikan tujuanya. Kebahagian dunia diusahakanya
d. Teguh sentosa, tersekat layar pewayangan dia dari sang Penyebab Jagad

2
a. Pucuk ubun - ubun sembah patik pada duli paduka yang beginilah keadaanya
b. Teguhlah dia menjadi panutan dalam mengubah cerita kejayaan Sang Arjuna di Khayangan
c. Maka pada saat itu Batara Indra mengalami kesulitan bersiasah dan menghadapi bahaya
d. Adalah seorang raksasa yang berkuasa. Termansyhur berjaya di dunialah Niwatakawaca












Rabu, 03 April 2013

puisi

tresna berkahing sang kuasa

Sekar tinabur rengsemake netra
Angin sumilak nentremake dhadha
Duh biyung,
Kawula kesengsem marang wanita
Donya rinasa surga
Ketaman panahing dewa
Langen ing toya asmara
Ah, tresna
Berkahing Sang Kuasa


 
sepi
ing wengi kang sepi
ora ana panggonan sing kaya iki
malaikat pada jejogetan
demit pada gegojekan
amung ana tangising ati
ora ngerti apa sing dienteni
ora ngenteni opo sing dikarepi
getih ireng deres mili
blas ora ana sing keri
ing wengi kang sepi
ora ana panggonan sing kaya iki
apa kowe ngerti ana ngendi?
tak parani tak tututi
kabeh mati
s  e  p  i
sepi    sepi
s  e  p  i
sing mbangeti
lan
s  e  p  i
            s  e  p i
                       m  a  t  i
             s  e  p  i 
s  e  p  i 
 

ya mung sliramu

dhuh cah ayu...
panah asmara nunjem dhadha
dak jaluk...dak pinta sraya...
haywa kajebel sadawaning yuswa
wani bela palastra   
lamun sira murca saka ing wananing asmara
dhuh cah ayu...
ngertenana
tresnaku kadya bagaskara
kang tansah setya marang manungsa
cah ayu...
                                                                  ya mung slirahmu
kangen
katresnan iki katresnanmu
katresnan saka swarga
kang kudu tak reksa lan tak jaga
angin wengi iki
alus tumiyub angusap rasa
rasa kangen jroning dhadha
nanging sukma iki isa apa?
angin kumrisik bebisik
kapan sliramu teka

    
pepujaning ati

ayumu antuk listyaning sekar
jenar kadya angsana mekar
bungah kagawa braja
yasa ayem ing rasa

ayumu gawe tangising kartika
disingkiri jaya kusuma
kang arum sajroning grana
mudal tresna ing jero dhadha

cah ayu....
kancanana sukma iki
sinau bab katresnan sajroning ati