Biyung
Gedhe
nastiti agunge ati
Kuwi
kasebut tresna sejati
Biyumg…
Apa
sing kudu dak aturake
Dipun
gendhong ngantos kewar – kewer
Yen
nangis lajeng di lela – lela
Tresna
biyung marang putra
Kadya
sumunaring surya
Semana
uga biyung…
Tresnaku
mring sliramu
Lir
kadya latu kang katiyup bayu
Biyung…
Rina
wengi mempeng anggonmu kerja
Ora
mikir batine raga
Ngadhek jejeg dadi cagak
Nyangga
butuhe para anak
Biyung…
Tuturmu
manggon nggugah engetan
Lakumu
nyanding dadi panutan
Matur
nuwun biyung
Muga
putra dadi mukti wibowo
Tidak ada komentar:
Posting Komentar